Wanita Besi
13 December, 2009 | @ Suroboyoan
Sutaji gupuh kabeh marani kantor pulisi katene lapuran.
“Waduh Pak Pulisi, aku sik tas ae dinunuti Margaret Tatcher ” jare Sutaji.
“Sampeyan ojok macem-macem lek lapuran . ” jare pulisine gak percoyo.
“Saestu Pak, asli aku gak mbujuk “. jare Sutaji.
“Lek ngono lapuran sing lengkap alon-alon. Sampeyan pethuk Margaret iku nang
ndhi ?” takok pulisine.
“Ngene lho ceritone Pak. Pas aku ngirim barang arep mlebu tol Waru,
moro-moro onok bule tuwek awe-awe njaluk nunut.
Bareng wis munggah, aku kuaget tibake wong bule iku Margaret Tatcher. ” jare
Sutaji.
“Lho kok sampeyan yakin lek iku asli Margaret Tatcher ?” takok Polisine.
“Aku yakine iku pas ngisi solar, dhe’e iku titip njaluk tukokno Mesran
Super, jarene ngelak. Lha sisane iku ditetesno mripate, jarene mripate perih
” jare Sutaji.
“Opoko ceritone kok dhe’e sampek isok nunut awakmu ?” takok pulisine maneh.
“Ceritone iku, dhe’e lagi melancong nang Suroboyo, lha pas sampek Demak
dhadhak moro-moro dhe’e diuber-uber wong akeh, onok tukang rombeng, onok
juragan besitua. Kabeh iku nggowok timbangan dhewe-dhewe kepingin ngiloni
dhe’e. Mergo wedhi, akhire dhe’e mlayu mbalik nang hotel. Pas arep tekan
hotel, dhadhak dhe’e pethuk ambek wong Timbang Badan. Begitu ndhelok
timbangan, Margaret tambah pucet kewedhen, terus mlayu maneh sampek akhire
pethukan ambek aku njaluk nunut. Pas tak takoni arep nang endhi, jarene
sembarang pokoke sing aman. Akhire yo tak jak ngirim barang. Lha saiki iku
aku arep lapuran ndhik sampeyan lek Margaret iku ngilang maneh. Aku wedhi
lek disalahno.” jare Sutaji.
“Lho kapan dhe’e ngilang maneh ? ” takok pulisine.
“Pas praotoku tak enggokno jembatan timbang “
Related posts:
- Bajak Laut Muntiyadi pethuk ambek Gempil koncone sing dines ndhik angkatan darat. Tibake Gempil iku saiki sikile sing kiwo yo dingklang pisan, ambek tangane sing tengen tibake...
- Malin Di Kelamuti Phedet Mari ngunci kandang sapi, Sutaji mergoki onok arek menek ondho katene mlebu kamare Romlah. Ambek Sutaji, ondhone digedrok-gedrok sampek malinge ceblok. Mari ngono, malinge diseret...
- Nyaur Utang Rongatos Ewu Sore-sore jam 3 onok tamu teko omahe Cak No. “Kulo nuwun. Aku Kusen ning. Cacakmu onok tah ?” jare tamune. “Sik durung mulih.. diluk ngkas...
- Ketinggalan Sepur Mari nglaporno margaret thatcher sutaji oleh tugas maneh seko kaji Imron. Sutaji dikongkon ngeterno duwek rong juta gawe mbayar utange kaji Imron. “Pak …..duwek rong...
- Takon Umur Mat Penceng umure wis atene 45 taun. Awake sik gagah otote dempal, cumak sayange dapure mulai kisut ireng kabeh. Pas ulang taunan sing 45, Mat...


1 Response to Wanita Besi
salma
December 19th, 2009 at 12:28 pm
wkwkwkwk
he….he…he…
luchu -luchu……….